Senin, 25 Juni 2012

khutbah jum'at bhs jawa


MACAM MACAM URIPE WONG

السلا م عليكم ورحمة الله وبركا ته
 الحمد اللة الذى خلق الانسان من طين -  واعدله فى احسن تقويم - ووفق من ارادبه خيرا للتفقه فى الدين القويم - ورفع درجات اهل العلم وتعليم - اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له الفتاح العليم - واشهد ان محمدا عبده ورسوله الرؤف الرحيم- وانه لعلى خلق عظيم. اللهم صلى وسلم على سيدنا محمد الناهى عن خلق ذميم - وعلى اله واصحا به افضل الصلاةوالتسليم .                                                                                                                          اما بعد . فيا ايها الحا ضرون - اتقو الله فى حيا تكم - كل انسان متجر فى هذه الحياة القصيرة بعمره - وسترجعون بعد مكابدةالاعمال والافراح والاحزان الى وطنه وقراره -  فسعيد بكثرة الفوائْد والارباح –       ومغموم منفرد بخسران لا يلافى ولا يتدرك بانواع الفلاح.                                                                                                                                            
            Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami netepi TAQWALLOH wonten saben ndintenipun, kranten namung  kanthi TAQWA kolo wau, kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia akhirat.
Monggo sami sareng ngati2 anggen kito ginaaken wekdal naliko gesang wonten ing ngalam dunyo puniko. Mangertoso bilih, Saben2 manungso gesang ing ngalam dunyo meniko kados dene tiyang dagang inggih puniko beto modal ngumur. Saben manungso gesang mesti wangsul ing AYUNANIPUN GUSTI manggen wonten alam barzah, ing wusono tiyang kolo wahu mesti ngitung bathi nopo rugi  anggenipun dagang ngamal naliko gesang wonten ing ngalam dunyo. Ing akhiripun tiyang kolo wahu wonten ingkang nemu bejo kranten gadah bathi katah arupi ngamal ingkang kathah, lan wonten maleh ingkang nemu rugi lan getun kranten rugi daganganipun ngamal, kranten boten gadah siso ngamal ingkang bade kadamel sangu lampahipun wonten ing akhirot.

فيا ايها الحا ضرون. المسلم فى حق د ينه على ثلا ثة د رجات-  مسلم  سا لم : وهوالمقتصر على اْ داء الفرا ئض        واجتناب المنهيات.و مسلم رابح : وهو المتطوع باالفظئل والنوافل والقروبات. ومسلم خاسر: وهو المقصر عن اللوازم و السارح فى الهذيانات والسياءت .
Tiyang meniko menggah agami ingkang dipun lampahi dipun perang dados 3 : 1.TIYANG ISLAM INGKANG SELAMET, tiyang islam ingkang namung nglampahi pendamelen 2 ingkang fardlu tuwin nebihi sedoyo awisanipun agami. Kaping 2.TIYANG ISLAM INGKANG UNTUNG:Tiyang islam kajawi indakaken sedoyo kuwajiban ugi nebihi larangan2,piyambakipun ugi nindakaken kautaman2 lampah sunah utawi amalan2 ingkang saget nyaketaken dateng alloh. Kaping 3. TIYANG ISLAM INGKANG TUNO lan RUGI: Tiyang islam ingkang tansah pepeko anggenipun nglampahi kwajiban2,lan tansah nuruti hardaning kanpason.
            Tiyang saget mangertos piyambakipun manggen wonten tingkatan ingkang pundi saking perangan 3 wau,menawi gadah ilmu. Mangertoso….bilih kito sedoyo boten saget selamet wonten akherot kejawi mawi ILMU, lan boten saget tiyang niku gadah Ilmu menawi boten sobar.
Hadirin dino2 gesang kito wonten donyo puniko dipun sanepaaken kados dene saben kangge nandur punopo ke mawon damel panenan qito benjang wonten akhirat.pramilo monggo sareng2 nanem amal sahe, taneman paling sahe menggaheng agami inggih puniko ilmu.
Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
            Monggo sareng2 mikir ugi angen2 punopo amal qito saben dintene niki, sampun jumbuh kalian kaweruh/ilmu ingkang  sampun qito bibi nahuni milahi alit .
Sayyinadina Ali dawuh:
الناس كلهم نيام فادا ماتوا انتبهوا ويحسبون انهم يحسنون وانفسهم سفهوا
Artosipun : kabeh manungso urip iku podo turu. Mengko yen wes mati lagi podo sadar.
Ateges nembe yakin leresipun punopo ingkang sampun dipun dawuhaken dening ALLAH lan RUSULIPUN. umumipun tiyang meniko sami nganggep menawi piyambaipun sampun tumindak sahe, nanging ingkang katah sami boten mangertosi, kranten sami pepeko dateng nasipipun ing akhirot.milo saking puniko,monggo sami wonteno rahos perihatin kalian nasip kito wonten akhirot mangke.
Monggo sami ngudi ngilmu,sanes ngilmuipun ingkang katah,nanging ingkang penting inggih puniko ngilmu punopo ingkang manfaat kangge bekal/sangu ing akhirot 
يا ايها الذين امنوا اتقوا الله والتنظر نفس ما قد مت لغد واتقواالله ان الله خبير بما تعملون
Artosipun: hai wong kang podo iman wediho maring alloh. Ningalono lan sawangen opo kang di sediyaake ono ing dino sesok tegese dino kiyamat. Wediho maring alloh, krono alloh iku dat kang pirso opo wae kang siro lakoni.
Poro Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
            Dosanipun tayang ingkang gadah ilmu ananging piyambakipun tetep mlanggar pernatan agami kanti sadar bilih tumindakipun puniko lepat, dipun tikel2aken deneng alloh, malah2 piyambakipun angsalipun nampi azab kolo wahu mboten mawi khisab
ولا يسئل عن ذنوبهم المجرمون
Artosipun : Wong2 kang podo nglokoni doso pdahal ngerti iku doso, adzabe d tampaake tanpo di takoni disek,ateges langsung di adzab Tanpo di hisab.
Pramilo monggo mumpung rogo dereng katinggal nyowo jasad puniko di pun pekso luru ilmu damel sangu qito wonten perjalanan tebeh inggih puniko alam akhirot. Mugi2 alloh bikak dateng manah kulo tuwi panjenenngan sahinggo qito dipun panggen aken dateng golongan ipun tiyang ingkang ahli luru ilmu tuwin ahli ilmu. Aminnnn..............
بارك الله فى القران العظيم ونفعنى واياكم بتلاوته انه هو الذكر الحكيم واستغفرالله لى ولكم والمسلمين والمسلمات انه هو الغفور الرحيم

Balong, 18  Juni 2009
Jum’at Pahing


اكوس نحن يهشى فوترا







AMAL SHOLIH
السلا م عليكم ورحمة الله وبركا ته

                       الحمدلله الذى هدانا للدينه القويم . وبين لنا صراطه المستقيم . اشهد ان لا اله الا الله وحده لاشريك له  . له الملك وهو السميع العليم . واشهد ان محمدا عبده ورسوله النبي الكريم . اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا محمد الناهى عن  خلق ذميم . وعلى اله واصحابه افضل الصلاة والتسليم

                        اما بعد !  فيا ايها الحا ضرون  .  اتقو الله فى حيا تكم  .  قال الله تعلى فى  كتابه الكريم: اعملواعلى مكا نتكم انى عامل .  فسوف تعملون .  من تكونوله عاقبةالدار. انه لا يفلح الظا لمون .    

Sidang Jum’t Rokhimakumulloh.
 Monggo kito tansah ningkataken anggen kito sami netepi TAQWALLOH wonten saben ndintenipun, kranten namung  kanthi TAQWA kolo wau, kito sedoyo saget manggeh keslametan dunia akhirat.
Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh   
Menawi iman saget kito gambaraken kados dene wit2tan. Milo ngamal kesahean puniko minongko buwahipun, Ingkang kawastanan wit2tan sampurno inggih puniko wit 2tan ingkang ngedal aken buah ingkang katah, Mekaten ugi iman sampurno inggih puniko iman ingkang saget buahaken amal kesahenan. Menawi iman boten saget buahaken amal kesahenan, nedahaken bilih imanipun boten sampurno, awit saking puniko dipun sebataken wonten dawuh al-qur’an:
قل كل يعمل  على شا كلته
Artosipun:Dawuho siro muhamad. Saben2 wong supoyo podo ngamal miturut bakate dewe2.tegese miderek kekiyatan/kemampuanipun piyambak2.
Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh   
            Nabi qito muhamad Saw boten namung saget dawuh ke mawon, ananging piyambakipun ugi peng2an soho sregep nindakaken ngamal kesahenan, malah2 piyambakipun dados panutan babakan ngamal sahe, kasebat wonten dawuh Al-qur’an:
قل يا قومى اعملوا على مكا نتكم انى عامل
            Artosipun: dawuho siro muhamad. Hei kaum ingsun. Siro kabeh podo ngamalo miturut keahliyan lan kemampuanmu, sak temene ingsun iki wong kang ahli ngamal.
Sregep ngamal lan berjuwang puniko ingkang nyebabaken umat islam zaman rosullulloh  lan zaman kejayaan islam sami ngalami kemajuan ugi angsal kemuliyaan. Kranten sregep ngamal puniko milo ajaran lan piwucal islam  saget dipun amalaken sak istu, saget dipun praktekaken, ugi saget dipun buktekaken,  kados pundi manfaat ingkang nyoto saking ajaran2 islam. Sahinggo saget dipun rahosaken sintenke mawon indahipun ajaran2 islam. Kanti dipun landesi dasar ajaran agami tiyang saget ngamalaken aturan2 islam sahinggo rodaning gesangan kemasyarakat saget lumampah kanti sahe. Mekaten ugi siar agami ingkang dados lambang kaluhuranipun ajaran islam saget tegak kiat wonten sak lumahing bumi.shinggo jumbuh kaliyan dawuh:
الاسلام يعلى ولا يعلى عليه
Artosipun: islam meniko agami ingkang luhur boten wonten agami lintu ingkang saget ngungguli kaluhuranipun agami islam.
Hadirin Sidang Jum’t Rokhimakumulloh
Imam sauri dawuhaken :sejatosipun damel ngudi ngamal kesahenan ingkang sak katah2ipun, kito kedah derek punopo ingkang sampun kasebat wonten dawuhipun ayat:
ولكن البر من امن بالله
Artosipun :Kangge ngudi ngamal kesahenan inggih puniko: tiyang puruno iman dateng alloh lan dino kiyamat.
             Kejawi saking puniko, tiyang meniko supados tunduk wonten ngerso dalem Alloh Swt kanti coro nindaaken solat sak sahe2nipun, purun belajaaken sebagian bandanipun kangge tetulung tiyang ingkang betahaken, saget arupi zakat, ingfaq, sodaqoh dateng lare yatim,faqir miskin, langkung2 dateng sanak qerabat ingkang nembe nandang kekirangan. Mekaten ugi tansaho nuhoni janji, sak wanci2 piyambakipun manggihi cobi saking alloh arupi punopo ke mawon, tansah netepi sobar,tansah enget dateng alloh lan dedungo yuwun dateng alloh dzat ingkang moho kuwahos. Sedoyo puniko dados sumberipun kesahenan, lan bade ketingal amal solihipun ugi drajat/tingkat keimananipun, awit sampun terang bilih iman puniko kinging ka gambaraken kados dene wit2tan, lan amal solih puniko minongko dados buahipun  .
Dawuh ayat meniko nelaaken bilih sumber sahe awon amalipun manungso katitik mawi keimananipun, pramilo monggo kito sami angen2 kalian dawuhipun alqur’an maleh:
والذين جاهد وا فينا لنهد ينهم سبلنا  وان الله لمع المحسنين
            Artosipun : Tiyang2 ingkang berijtihat/ berusaha ngupadi (ridloni dalem alloh ) pramilo saistu alloh bade nedahaken dateng kesahenan. Alloh meniko tansah nyarengi tiyang2 ingkang sahe amalipun. 
Mugi2 Alloh Swt  dadosaken qt golonganipun tiyang ingkang sabar, tiyang ingkang ahli amal, tiyang ingkang ahli tetulung dateng kesahenan, ing wusono qito saget kagolong  tiyang ingkang selamet dunyo ugi akhirot amin........................
اعوذبالله من الشيطان الرجيم .  بسم الله الرحمن الرحيم  . المال والبنون زينة الحيوة الدنيا . والبقيت الصا لحات خير عند ربك ثوابا وخير املا.                                                    
جعلنا الله واياكم من الفائزين الامنين . وادخلنا واياكم فى زمرة عباده الصالحين
وقل رب اغفروارحم وانت خيرالرحمين



Balong,..02.. Juni 2009
Jum’at pahing
 اكوس نحن يهشى فوترا

Tidak ada komentar:

Posting Komentar